Jumat, 21 Maret 2014

DAWUH PENGAJIAN SENENAN (Senin, 25 Maret 2013)

Wa khusushon panjenengan sdoyo engkang sami rawuh, mugo didadosaken tiang seng bejo, dunyo-akhirat, paringi panjang umur, rezkine barokah, al-fatihah….

Geh pengumuman, Ahad bade ngajeng tanggal 31 Maret 2013 geh niku Manaqiban dateng Masjid wali songo glatik sukorejo.

Geh nun sewu derek, urip niki sukur di lemek’i sabar lan nerimo, boten bakal loro kbeh, tapi lek di lemek’i kale nafsu, nafsu ammarah hm… loro kabeh derek, geh niku lek afsu ammarah lek di dekek gek ngarep, milo lek seng di dekek nang ngarep niku nafsu muthmainnah, uri niku barakno eco, enjoy ngoten derek … geh niku, lek lemek’e urip sabar kale nerimo… geh penak derek…
Darmo kusumo, kabeh niku nopo tirose dalange…
geh iku gusti Allah
Lek sido mosok wurungo, lek wurung mosok sidoho…

Wayang niku enten kale; Wayang kulit kale Wayang wong, la lek wayang kulit eco, di kepruk2no, di unjuk2no, barang lek wayang wong, di atur - ngatur, malah dayange seng di ilok2no… pun a, repot lek ngoten…
Kyai iku geh enten metodene, metode dakwah… Qoulan kariman, ngomonge niku dirungokno enak, Qoulan Ma’rufan, teng santri boten nate dungakno elek… enten male,
Qoulan Maisuron (ucapan yg sederhana, mudah dipahami) Qulan Layyinah (lemah lembut), Qoulan Balighan (membekas pd jiwa), Qoulan Fatilan (Ucapan yg berbobot).
Milo ngendikane kyai thariqah, dawuh, pidatone kyai thariqah niku dirungooaken ueccoo ngoten derek, boten nate ngomong pedes, nopo sebabe? Polae atine dzikir terus, Allah.. Allah… Allah….
Pun mugi panjenengan diparingi istiqomah ibadah, rumah tanggae penuh kedamaian, ketentraman..
Al-Fatihah….
DAWUH SENENAN (Pengajian Senenan, 01 April 2013)

Assalamu’alaikum warhmatullohi wabarokatuh...
Ila Hadhroti Rosulillah Saw., wa khusushon panjenengan sdoyo
Engkang sami rawuh, sak anak putune mugo didadosaken tiang seng bejo
dunyo-akhirot, diparingi panjang umur, rezkine barokah. al-Fatihah....

Geh, niki ngaji bab Musuhe Iblis, kanjeng Nabi niku ngantos ditekani Iblis derek....
Laopo awakmu blis.... “ngapunten, kanjeng nabi kulo di utus kalian Allah,
supadoso nemoni panjenengan tur jawab nopo ae seng jenengan tangletaken teng kulo”... oh, ngunu ta?
Yo wis, lek ngunu, sak iki awkmu tak takoni.... Sopo ae musuhmu seng teko umatku?
Musuh kulo geh niku, Anta Ya Muhammad.. seng No.1 Panjenengan Gusti,
2 - Geh niku Imamun ‘Adilun.. Pemimpin yang adil
3 - Geh niku Ghoniyyun Rohmah, Wong sogeh seng ramah..
4 - Geh niku Tajirun Shodiqun, Pedagang seng temen..
5 - Geh niku ‘Alimun Khusyu’an, wong seng Alim, geh Khusyu’
6 - Geh niku Mu’minun Nashihah, wong mu’min seng ahli tutur-tutur..
7 - Geh niku Mu’minun Rohimun, wong mu’min seng welas asih..
8 - Geh niku Taibun, wong seng gelem taubat....
Panci taubat derek, ngoten iku kadang geh sek di ilokno... waduh.. seninan barang, kemenyek... repot, lek ngeten pun.. geh senaoso ngoten tetep istiqomah anggene ibadah, nyambut damele diparingono lancar, barokah... rumah tanggae penuh kdamaian, al-Fatihah...
DAWUH PENGAJIAN SELOSOAN (SelASA, 09 April 2013)

Geh, kulo panjenngan sedoyo anggene ibadah, dzikir diparingono saget istiqomah…….
Geh panci dzikir derek, panggone teng ati… geh senajano repot… lek saget geh tetep, saget dzikir wuquf qolbi, langkung sae 5rb, lek repot geh 500, lek repot maleh geh 50, lek nemen, geh 5. La kebacot derek… mosok sedinten ngiling Gusti Allah peng gangsal boten kober derek….
Jane noten gusti Allah geh boten purun dinomorduakan.. jaluk’e nopo, geh tetep nomer setunggal derek… milo, cubone wong seng seneng trus kbablas, geh male ngelalekno gusti Allah…..
Milo-?, pun boten usah terlalu nemen olehe nyenengi perkoro, anak, nopo mawon.. sdanten dianggep biasa mawon, sedang-sedang saja…. Kranten nopo niki wau, nomer setunggal kedah gusti Allah… lintune nomer kale… la lek gusti Allah dinomorduakan, geh dicubo niku wau….
Geh, mugi kulo lan panjenengan sdoyo sak anak putune didadosaken uripe penuh kdamaian, ketentraman, b7jy32ejo dunyo akhirat.. al-Fatihah…….
Catatan DAWUH TAFSIR (Ahad, 14 April 2013)

Kabeh iku nak, opo ae... kedadeane ngunu teko banyu...
masi wesi yo ngunu, wesi lempengan, sampek tumeko wesi baja.. lek wes dicitak dadi betoneser, campur opo iki mau, tuyo....
Plastik yo ngunu nak, mulai plastik seng lemes sampek seng kaku yo podo ae...
mangkane, cocok ambek daone kanjeng nabi... lek kabeh iku kedadeane soko banyu, awakmu yo ngunu nak, awakmu teko opo? Tuyo....
______
* wes, mbahku iku terkenal, kesohor mbah pande, asline asmone mbah haromain... yo ngunu, nabi dawud gawe kelambi teko wesi... mbah pande, lek gawe keris yo di pijet2 koyok gawe jemblem..... nah, ngunu iku mau ono dungone rek... la lek tak duduhno awakmu la male sombong garai... emoh, opo'o, cek gak gedeh ndasmu.... ono dungone, gampang.... seng angel iku opo? dzikir, thariqah..... angel iku, gak anggur wong iso, anggetmu a....
mbah asy'ari biyen panggonane pengungsian masyarakat usume penjajahan, yo ngunu lek ono montor muluk, disebet ambek serbane tok ae mogok... lo iku kyai bien mandi, iku yo kanuragan.... mbah kalam, mbah bahrudin, gek pondok'e, kabeh santrine oleh mangan..... teng-teng-teng wayahe mangan, tapi yo ngunu, sak durunge mangan, moco fatihah disek, tawssul nang guru2, silsilah thariqah naqsyabandiyah, suwe... trus moco qulhuwallahu ahad, allahu shomad, dilagu rek peng 300.... baru cukup, mangan... lak gak ngunu, gak oleh mangan.... santri kene gae ngunu, (wak, yai... kate ngeke'i mangan ae dipelosore disek,) lo ya.... (masi gak mangan gak patek'en) mbok2....
aku iki yo anak'e kyai, mursyid thariqah, mbah yo ngunu....
mulo, dari bapak lan mbah iku tak riset.... apa sebab? la aku keturunane..... tak riset, mulo seng diarani kyai, kyai adalah.... orang yg berilmu yg mewaqafkan diri kepada masyarakat, dalam bidang keilmuan.... gak ono kyai oleh bayaran iku... wes, dititeni kabeh.....
*_admin (webmaster ppn)
Catatan DAWUH TAFSIR (Sabtu, 13 April 2013)

"Wes... ditulis rek... Tulisen Nak.....", wes a.... ???
Dasar Negara kita itu PANCASILA, tdk ngawor, dan tdk akal2-an, sudah pas dan benar... Karena, ada rujukannya di masa Pemerintahan Abu Bakar, Umar, Usman, dan Ali, diarani opo rek? disebut dengan MITSAQUL MADINAH (Piagam Madinah), hanya tulisannya saja beda, esensinya.... waduh, opo yo, intine/maksude opo mane? intisarinya itu SAMA. lihat di kitab Jawabul Masail..
pasti ono pertanyaan, knp kyai selalu menjawab permasalahan lokal, nasional, dan internasional mesti enten nopo iki rek... enten kitab, juz, halaman? apa sebab? inilah disiplin keilmuan... tidak KURNI, opo rek? sukur muni, ASBUN (Asal Bunyi), KurPLAK... sukur jeplak.... itulah namanya disiplin keilmuan....
mulo nak, awakmu dadi santri kudu debel (Double) ilmu agama dikuasai, ilmu umum juga dikuasai.... ojok dikiro santri iku gak iso opo2, malah kudu iso opo2....
_________
*Cerita sejarah....
aku iki bien nang meduro, sepedahan.... sepeda pancal... tutuk bangkalan, ngaji sak lungguhan hatam, trus brangkat mane nang Batu Ampar, yo ngunu... ngaji sak lungguhan hatam.... trus, pegel... mampir nang warung... "Bu, maem bu". jare seng dodol.. "Sob-bung nak" (logat madura), batinku... O, gek kene yo ono jangan Sop tiba'e, tak pikir... bung (Kayu/Pring enom) trus dijangan sop, jenenge Sob-bung paleng... tak semahuri, enggeh.., arep... "Sob-bung nak, sob-bung", tak jawab mane, enggeh arep... akhire gregeten seng dodol... wakule ditukno nang ngarepku, diwalek... trus di totok... Sob-bung nak, sob-bung.... Eala, sob-bung jawane entek tiba'e.... wes a, bodoh a lek ngene? mulo ono jargon... "Knowledge is Power".. yo opo rek, is pawon... wes emboh kunu... karepe, pengetahuan adalah penguasaan, opo rek... anggetmu, masi aku yo iso inggris2-an.... wes, dititeni kabeh...
tutuk endi iki....
_____
*next story....
aku iki duwe mbah yut, jenenge Mbah Haromain, kesohor jeneng Mbah Pande. mbah pande iku bapak'e mbah Asy'ari... kesohor Mbah Pande, polae penggaweane gawe keris, di obong suwe, trus dipijeti ambek tangan, ambek asto... ngunu, di tunu suwe, di obong, trus dipijeti kale nopo iki mau, asto.... gak di tutuk ambek palu, aku yo ngunu, duwe ilmu jenenge KANURAGAN... akeh maceme, ono 40.. lawang digembok rapet, disebul ambruk.. ono iku, trus digetak kepeseng yo ono... dibacok gak mempan yo ono.... macem2, tapi mek sitok seng angel, susahe amit2... ilmu opo? DZIKIR, tegese thariqah.. mengenal gusti Allah, uangel iku gak kabeh wong iso.....
wes, opo lafade? hmmm..... wa yas.. wallahu a'lam bis-Showab.... al-Fatihah....
Catatan DAWUH TAFSIR (Sabtu, 13 April 2013)

"Wes... ditulis rek... Tulisen Nak.....", wes a.... ???
Dasar Negara kita itu PANCASILA, tdk ngawor, dan tdk akal2-an, sudah pas dan benar... Karena, ada rujukannya di masa Pemerintahan Abu Bakar, Umar, Usman, dan Ali, diarani opo rek? disebut dengan MITSAQUL MADINAH (Piagam Madinah), hanya tulisannya saja beda, esensinya.... waduh, opo yo, intine/maksude opo mane? intisarinya itu SAMA. lihat di kitab Jawabul Masail..
pasti ono pertanyaan, knp kyai selalu menjawab permasalahan lokal, nasional, dan internasional mesti enten nopo iki rek... enten kitab, juz, halaman? apa sebab? inilah disiplin keilmuan... tidak KURNI, opo rek? sukur muni, ASBUN (Asal Bunyi), KurPLAK... sukur jeplak.... itulah namanya disiplin keilmuan....
mulo nak, awakmu dadi santri kudu debel (Double) ilmu agama dikuasai, ilmu umum juga dikuasai.... ojok dikiro santri iku gak iso opo2, malah kudu iso opo2....
Catatan DAWUH TAFSIR (Ahad, 14 April 2013)

Kabeh iku nak, opo ae... kedadeane ngunu teko banyu...
masi wesi yo ngunu, wesi lempengan, sampek tumeko wesi baja.. lek wes dicitak dadi betoneser, campur opo iki mau, tuyo....
Plastik yo ngunu nak, mulai plastik seng lemes sampek seng kaku yo podo ae...
mangkane, cocok ambek daone kanjeng nabi... lek kabeh iku kedadeane soko banyu, awakmu yo ngunu nak, awakmu teko opo? Tuyo....
______
* wes, mbahku iku terkenal, kesohor mbah pande, asline asmone mbah haromain... yo ngunu, nabi dawud gawe kelambi teko wesi... mbah pande, lek gawe keris yo di pijet2 koyok gawe jemblem..... nah, ngunu iku mau ono dungone rek... la lek tak duduhno awakmu la male sombong garai... emoh, opo'o, cek gak gedeh ndasmu.... ono dungone, gampang.... seng angel iku opo? dzikir, thariqah..... angel iku, gak anggur wong iso, anggetmu a....
mbah asy'ari biyen panggonane pengungsian masyarakat usume penjajahan, yo ngunu lek ono montor muluk, disebet ambek serbane tok ae mogok... lo iku kyai bien mandi, iku yo kanuragan.... mbah kalam, mbah bahrudin, gek pondok'e, kabeh santrine oleh mangan..... teng-teng-teng wayahe mangan, tapi yo ngunu, sak durunge mangan, moco fatihah disek, tawssul nang guru2, silsilah thariqah naqsyabandiyah, suwe... trus moco qulhuwallahu ahad, allahu shomad, dilagu rek peng 300.... baru cukup, mangan... lak gak ngunu, gak oleh mangan.... santri kene gae ngunu, (wak, yai... kate ngeke'i mangan ae dipelosore disek,) lo ya.... (masi gak mangan gak patek'en) mbok2....
aku iki yo anak'e kyai, mursyid thariqah, mbah yo ngunu....
mulo, dari bapak lan mbah iku tak riset.... apa sebab? la aku keturunane..... tak riset, mulo seng diarani kyai, kyai adalah.... orang yg berilmu yg mewaqafkan diri kepada masyarakat, dalam bidang keilmuan.... gak ono kyai oleh bayaran iku... wes, dititeni kabeh.....
INTISARI DAWUH PENGAJIAN SENINAN
(Senin, 03 Pebruari 2014)

.:: REBORN POST UPDATE ::.
Ila Hadrotin Nabiyyil Musthofa, Muhammad Saw.
Khususon, panjenengan sdoyo engkang sami rawuh, sak anak putune mugo didadosaken tiang seng bejo dunyo-akherat, diapringi panjang umur, rezqine jembar-barokah, al-Fatihah….

Pun, pengumuman AHAD bade dateng (Ahad 9 Pebruari 2014)…
Manaqiban dateng ndaleme Pak Lurah Suprapto Pucangsari, sengon.

Lajeng ngelanjutaken ngaos, Dipun terangaken teng kitab namine,
Syarah Nashoihul Ibad, hal. 57;
Sayyidina Umar dawuh, saktemene anak’e Syaitan (Iblis) iku jenenge ‘Azaaziil, la ‘Azaaziil iku duwe anak songo. Yo iku;
1. Syaitan Zalitun, panggone wonten pasar.. bagian gudo timbangane dikurangi, goroi seng tuku, geh intine nipu..
2. Syaitan Watsin, bagiane niku gudo tiang seng kengeng musibah kersane sambat derek, endi jare pengeran welas, buktine yan-mun-yan-min.. PANCED, ngoten iku berarti di enclok'i syaitan watsin derek, pun lajeng teruse...
3. Syaitan Laqus, niki seng garai wong was-was geh syaitan niki derek.
4. Syaitan A’wan, tugase niki bagian gudo pejabat, pemimpin cek sak karepe dewek.. mamulo kecekel KPK lan ngoten se...
5. Syaitan Haffaf, niki ngoten gebakane wong seng mabuk2, gembulane wong seng miras, minum khomer, narkoba lan sedulure...
6. Sayitan Murroh, niki bagian tiang seng kelalen nyebul seruling, terompet... tp hukume nyebul terompet ngoten enten tigo, pun ngoten mawon..
7. Syaitan Masuth, tugase ngoten bagian nyebar gosip... kok ono wong nyebar berita goro, O, berarti won g iku mau dibarengi syaitan masuth.
8. Syaitan Dasim, niki ngoten syaitan seng garai rumah tangga gegeran derek, la panci tugase garai wong tukaran gek jero omah..
9. Syaitan Walhan, niki bagiane gudo tiang ibadah, sholat.. sholat ole sak roka'at khusyu', eh roka'at pindo moro iling kunci, iling sawah, iling lombok, ge ngoten niku berarti di enclok'i syaitan walhan...

Pun, mugo2 Disepuro gusti Allah,
diparingi rezqine jembar barokah.. al-Fatihah
:: INTISARI DAWUH SELOSOAN ::. (Selasa, 04 Peb 2014)

Pun, mugi kulo panjenengan sdoyo anggene ibadah, wiridan diparingi istiqomah.
Istiqomah ngoten nopo ge, ge rutin ngoten mawon…

Pun, dawuhe kanjeng Nabi; “as-Safaru Qith’atun minal ‘Adzab”
As-Safaru, utawi lungo iku Qith’atun sakcuil, minal ‘Adzabi saking sikso..
Punopo kok ngoten, kranten, geh boten eco Derek… rasane remek kabeh,
mulo lek samean kate utang, didelok disek, wong iku mau mari lungo
nopo boten, la lek mari lungo ge pun diutangi derek, sido nesu ae...
tp lek mari pengajian insya allah ge gampil, sukur enten lo ge..
pun tala, numpak bus model opo ae, ziarah walisongo.. hm, pun riyek2..
wong kulo senajano numpak landcruser, boten enten benane, bainal empuk wal boten, binal carry, bainal panther wa bainal landsruser, sami mawon... age pun cacak, dicoba tutuk tuban ngulon terus, kumat pun, seng ongkep, seng kebelet, mulo leres dawuhe kanjeng nabi, lungo ngoten iku sakcuile adzab.. tp ge panci menungso derek, lungo tok ge boten eco, meneng omah tok ge boten eco... la yoknopo male katene,
Gusti Allah ngoten lek maringi adzab utawi sikso, gampang mawon,
dirupakno perang, syuriah podo syuriahe, mesir podo mesire,
lebanon podo lebanone, irak podo irak'e... mek ngoten tok, seng dipateni muni Allahu Akbar, seng mateni muni Allahu Akbar, pun a... niki sek dereng sami'allahuliman hamidah lo ge.... pun, ngoten niku tujuane mek rebutan jabatan. mboh niku irak, mesir, syuriah, palestin, bah negoro islam, seng garai perang geh gara2 rebutan jabatan, kedudukan, seng sitok muni AKU WAE, seng situk'e
HAKU WAAEE... mulo seng titituit gek tipi ngoten sanes wong pinter,
durung kumanan, lek wes kumanan neng-neng bei, la ngoten se... jegidek,
polae wes uman, la seng durung kebagian, titituit-titituitpun, la yoknopo, wong dereng kbagian.
pun mugi kulo panjenengan sdoyo seng sami rawuh sak anak putune mugo didadosaken tiang engkang bejo, rumah tanggae diparingi ketentraman, kedamaian, kebahagiaan al-Fatihah.......
..:: DAWUH TAFSIR ::...
(Ahad, 02 Februari 2014)

Ilmu dan Prilaku harus sejajar (seimbang) lo reeek.... leg nggak seimbang dadine yo ndlosor utowo njomplang….
contohne : Banyak orang ber title Profesor, Doctor, tapi kenapa mereka banyak yang berurusan dengan KPK (Komisi Pemberantas Korupsi)….?
Alasannya:
1. Karena mereka hanya punya ilmu saja tapi tidak punya akhlak / prilakunya njomplang.
2. Karena mereka mengedepankan nafsunya daripada ilmunya.
:: DAWUH SENINAN (Senin, 10 Pebruari 2014) ::.

Geh sakniki ngaos, diterangaken dateng kitab Durrotun Nasihin, hal. 17
Saktemene Gusti Allah damel anak Adam, kulo lan panjenengan niki modele enten 8;
4 Model ahli Surga, stunggal geh niku; wajhun malikhun, sumeh boten merengut.
Nomer kale, walisanun fasih. Omonge nyenengno, temenne ngomonge enak,
nang kuping sedep rasane, boten nylekit.
Nomer tigo geh niku, Qolbun Taqiyyun, atine taqwa dating gusti Allah.
Nomer skawan, yadun sakhiyyun, tangan seng loman. Teng tiyang gampil, enak’an..
Pun, teruse 4 model ahli neroko. Stunggal, geh niku; wajhun ‘abisun, praupan/wajah seng mrengut, metotok. Pun boten enten guyune blas.
Nomer kale, lisanun fahisun; ngomonge panas, gak enak dirungokno kuping.
Kok roso ngoten pedes teng kuping.
pun, lajeng Nomer tigo geh niku; qolbun syadidun, atine keras, atos.
lan nomer skawan geh niku yadun bakhilun, tegese tangane medit.

Pun mugi kulo panjenengan sdoyo didadosaken golongan ahli suargo, bejo dunyo akhirat, khusnul khotimah
Al-Fatihah……
...:: DAWUH TAFSIR ::...
(Senin, 10 Februari 2014)

>> Salah satu alasan kenapa Fir’aun kok mengaku bahwa dirinya adalah seorang tuhan…………..???

** Karena dia tidak pernah sakit, gag tau ngelu, gag tau pilek, gag tau gudiken, gag tau loro sembarang kaler, muuuuuuuullus,,,
gag koyok awakmu reekkk…..
Akhire Fir’aun ngaku-ngaku lek awake iku Tuhan gara-gara mmek gak tau loro.

^^ Awakmu dek pondok iki ibarate “Maqom Tajrid” reeeekk…
awakmu nyambot gawe opo gak reek……?
tapi nyekel duwek……….?
sembarang keturutan kan ya…….?
dengan sendirinya uang datang tanpa harus kita bekerja,
Tapi ojog ditero-terosno reek, sakno bapak emak mu,, NJERIT engkok..

:: DAWUH TAFSIR ::...
(Selasa, 11 Februari 2014)

ظَهَرَالْفَسَادِ فِى الْبَرِّ وَ الْبَحْرِ بِمَا كَسَبَتْ اَيْدِى النَّاسِ لِيُذِيْقَهُمْ بَعْضَ الذِّي عَمِلُوْا لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ

Rusake darat lan Laut iku akibat dari tingkah laku manusia itu sendiri
Rusake darat contohne koyok longsor, gempa lan sak piturute
Rusake laut iku contohne koyok Tsunami dek Aceh ya reeekkk
Laaah iku ngono akibat tingkah pola e menungso ne dewe reeekk
Iku ngunu jenenge sikso

Opo’o gusti Allah kok nyikso koyok ngono

لِيُذِيْقَهُمْ بَعْضَ الذِّي عَمِلُوْا لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ

Artine iku biar mereka tau rasa dengan perbuatan yang mereka lakukan
Supaya mereka kembali kepada jalan yang benar

Q.S Ar-Rum 41
.:: DAWUH TAFSIR ::...
(Rabu, 12 Februari 2014)

* Setan iku macem loro (2) reek :
1. Setan teko Jin
2. Setan teko Menungso

La setan teko menungso iku setan seng doyan sambel, setan seng senengane ngejak mbolos sekolah, mbolos ngaji…
Ojok gelem nak lek dijak ngunu iku, ojog di enut,, Sakno bapak emak mu entek akeh mbandani awakmu………

** Orang yang selalu menjadi korban politik macem 3 nak :
1. Arek Cilik
2. Wong Bodoh, Goblok, (SDM rendah)
3. Wong Wedok (Kaum Hawa)

*** Kuliah lan Mondok iku guduk gae golek DUNYO nak, leg atasane golek dunyo masi gak kuliah masi gak mondok yo ke.isoen, golek’o krikil wadaono omplong trus kecek”no ngarepe umah, oleh duwek,,,??? Trus pindah nang umah pinggire, oleh duwek,,,???
Dadi tujuane iku “ngilangi kebodohan mu nakk”
..:: DAWUH TAFSIR ::...
(Kamis, 13 Februari 2014)

>> Israel ngunu iku nggone Nabi rekk,,
Separoh sakeng Nabi-nabi iku asale teko Israel.

>> Mangkane wong thoriqoh iku start e kok mari Maghrib
munggah lha finish e iku sampek mai ashar…

dek al-qur’an ono keterangane :


وَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ بِالْعَشِيِّ وَالْأَبْكَارِ

“dan bertasbihlah seraya memuji tuhan-mu pada waktu petang dan pagi”

Q.S Al-Mu’min : 55
::DAWUH TAFSIR::...
(Selasa, 04 Maret 2014)

Mukjizat iku dikekno poro Nabi gae melawan uwong kafir.
Leg gae Kyai-kyai iku jenenge “Karomah/Ma’unah”, fungsine yoiku gae ngeyaqino (meyaqinkan) jama’ahe..
Leg diomongi tok yo mencep nak, kudu ono keanehane, iku jenenge Karomah.

Gusti Allah kalau meredam konflik atau permasalahan antar umat beragama yaitu dengan Gempa. Contohnya gempa Jogja, Solo, Bantur dll, akhire semua saling tolong menolong tanpa membeda-bedakan agama.
Leg Aku ngeredam konflik iku ambek ngadakno kumpulan / musyawaroh antar umat beragama nakk,, contohne pas Seminar dek kene iko tahun 2005 ambek 2010.
:DAWUH TAFSIR::...
(Rabu, 19 Maret 2014)

Kanggo santriku lanang wedok, SLTA ke-atas (MA, SMA, SMK, S1, S2) harus punya kitab JAWABUL MASA’IL..
Soale dek masyarakat iku awakmu jwelas ditakoni masalah fiqih dan masalah sosial nak,, awakmu kudu iso nak, lek gak iso iku ndudokno kebodohanmu nak..
Seng wes duwe gak usah tuku, seng gorong duwe tukuo ya nak.

Jenengku iku mwesti kenek gowo-gowo, contohne:
Leg pas awakmu ditakoni nang uwong, Awakmu sekolah dekndi ????
Jawabane “dek yai sholeh..”
Opo’o jenengku kok kegowo terus..??
Polae aku iki pendiri, perintis pondok Ngalah iki nak..
Boso keren’e iku “Misionaris”

JAWABUL MASA’IL bagi SLTA ke-atas hukumnya WAJIB nduwe yo nak..
Berarti yai otoriter ??
Tak jawab “iyo, aku nek masalah keilmuwan otoriter, soale bapak emakmu bien nitipno awakmu ng kene iku ben pinter gak bodoh”

Nek wes tuku kitabe diwoco yo nak,, leg tuku tok tapi gak diwoco yo PADE BEI nak,,, (sama saja).

Kamis, 20 Maret 2014

: DAWUH TAFSIR ::...
(Senin, 23 Februari 2014)

• Umumnya orang yang meninggal dunia lebih dahulu itu adalah orang yang sudah usia tua, tapi faktanya sekarang angka kematian yang lebih banyak adalah dari kalangan remaja, leg gak percoyo deloken dek kantor polisi nak,,, dan kebanyakan penyebabnya adalah karenaelakaan, mangkane leg sepedaan ojoger-banter nak,,

• Tentang masalah diatas, di Al-Qur’an dijelaskan dalam surat Al-Mu’min : 67

"ومنكم من يتوفى من قبل"

• Intisari Al-Mu’min : 68
“Allah adalah dzat yang menghidupkan dan mematikan”
Ada salah satu nabi yang sampai saat ini belum mati, yaitu Nabi Khidir As. Beliau adalah jendralnya para Anbiya’……

Saiki misale ono pertanyaan ngene :
A: Kenapa Sultonul Auliya atau Ratunya ada banyak ???? seperti Syaikh Abdul Qodir Jaelani, Syaikh Bahaudin An-Naqsyabandi, Syaikh Abu Hasan As-Syadzily….
B: iya… memang beliau-beliau semua itu adalah para ratunya wali tapi, pada masa beliau masing-masing.
Podo karo ngene rekk : Presiden bien Pak. Karno, trus Pak. Harto, Habibi, Gus. Dur, Megawati, SBY… la opo’o kok akeh ??
La iku ngunu presiden pada masa masing-masing,,
paham reekkkk ????????

• Kabeh iku ono proses e reek,, gak ujuk-ujuk moro-moro pinter. Molai TK 2th, SD/MI 6th, MTs/SMP 3th, SMA/SMK/MA 3th, S1 4th, S2 2th, S3 3th iku ceng paleng banter…
Dadi totale ono 23th nakk,,
Leg wes mari S2 rabio nak, ojok rabi dikek leg durung S2 (Magister),
S1 lan S2 iku ngunu jek “ilmu mangkuk” mateng yo gak mateng, mentah yo gak mentah, podo karophong leg setengah mateng iku lo nak, garakno mbededek nang weteng,,
Ilmu mu iku jek sak-pucuk’e driji ku iki lo nak,,,,
Masiiihh jauuuuuuuuuuuhh….
Leg S1 S2 meneng dek kene yo jek tak kongkon ngudek lolo mbek njogo kantin nak,
Iyo leg awakmu moleh ngunu pwinter dewe,,
Njajalo po’o mrinio, la yo tag kongkon melok ngudek lolo…

Ceng mempeng nak yo,,,
PENGAJIAN SENINAN (17 Maret 2014)

Assalamu'alaikum War. Wab
Ila Hadrotin Nabiyyil Musthofa, Muhammad Saw.
Khususon, panjenengan sdoyo engkang sami rawuh, sak anak putune mugo didadosaken tiang seng bejo dunyo-akherat, selamet sedayane bala', diapringi panjang umur, rezqine jembar-barokah, al-Fatihah….

niki rencanae bade kampanye, pemilu, boten sanes, mugo diparingi aman, selamet, sukses al-Fatihah.....

sakniki ngaos, dawuhe kanjeng nabi teng sayyidina Ali, diterangaken dateng washiyatul musthofa, hal. 5;
ya Ali.. tamanni jibril, an yakuna min bani Adam... Ho, Ali.. saktemene Malaikat Jibril kepingin dadi menungso... punopo to kanjeng Nabi, polae...
7 amalan seng ganjarane iku GUUWEEDDEEE...
seng No. 1; sholat jama'ah 5 waktu bareng imam.
No.2; wa mujalasatil Ulama', lungguh, hadir, teko nang pengajian,
No.3; Nyambangi wong loro, iku ngono ganjarane gede...
No.4; ngiringno jenazah, nyelawat, di iringno tutuk kuburan, kale maos dzikir, Laa ilaaha illallah...
No.5; wa Saqyil ma'i, ngumbeni wong seng ngelak,
No.6; wa shulhi bainal itsnaini... damaiaken tiang seng tukaran..
N0.7; wa ikromil jari wal yatim, mulyakno tonggo, wong namine tonggo derek, nek mati seng ngedukno kuburane yo tonggo, seng ngeterno nang kuburan yo tonggo, la mosok katek diojekno? ge boten derek...
trus, ge mulyakno bocah yatim..
Pun, mugo diparingi manfa'at, kabul sedantene hajat. al-Fatihah.....
DAWUH SELOSOAN :...
(Seloso, 18 Maret 2014)

Mugo-mugo anggene kito nglampahi niki saget diparingi istiqomah......
Ancene sakmangke niku sedayane repot derek, atene yoknopo male wong repot niku seng dipadosi geh ya.....
Duwe bojo repot, gak duwe bojo ngge repot..
Duwe anak repot, gak duwe anak ngge repot..
Santri titik repot, santri akeh ngge repot derek.....

Kulo ten mriki mboten angsal bayaran, molai kepala kamar, pengurus niku mboten angsal bayaran,,,
Seng angsal bayaran niku ngge gebakane guru-guru lan dosen-dosen niku...

Mugo-mugo anak putu kulo panjenengan sedoyo saget niru kito niki....
Mugo-mugo diiparingi istiqomah..
alfatihah................
...::DAWUH TAFSIR::...
(Kamis, 20 Maret 2014)

Santri kene, Alumni kene dino iki akeh seng nyalon, ono seng Demokrat, PKB, Nasdem, Hanura dll. Iku ngunu hak’e santri mbeg alumni.
Santri ne SILAT kyai ne SILO, santri payu mergo silat’e, kyai payu mergo silo’ne..

Awakmu wes kuliah loh reekk, kudu ilmiah lo ya.
Maroji’ (referensi) nya itu minimal kitab kuning maksimal Al-qur’an dan Hadits, jangan organisasi yang dibuat referensi, karena organisasi itu ditetapkan hanya pada lingkup lokal atau majlis,
Mulak’e dek nggone Jawabul Masa’il iku langsung referensi ne teko kitab-kitab, gak jlis.jlas,, jlas.jlis ae naakkk, gag jelas engkok dadine.
Jare areg ilmiah tapi kok balak-balek melok majlis ae, malu donk.

Aku iki nang kene duwe katib (sekretaris) 6 , golongane p.ndus (Ust. Faidhlus Syukri), cak bah, cak iqbal dll.
Dadi gak sembarang tag garap aku kabeh nak, tak golek-goleki dewe, tak tulis-tulis dewe, tak dol-dol dewe, yo gak ngunu nak, ono bagiane dewe-dewe. Iki ngunu jenenge termanage (tersistem), iyo lek sisteme uwong PKL (pedagang kaki lima), dimasak” dewe, didol” dewe, dikorai” dewe, disusuk”i dew, remek” dewe, iki ngunu gak tersistem nak,,

Aku nang kene (Ngalah) gak nyetak “penyurung mobil mogok” (pendukung), tapi mencetak “sopir” (pemain).

Tak ilingno maneh, awakmu kabeh kkudu duwe Jawabul Masa’il lo ya nak, cek gak bodoh, bodoh iku ojog digembol ae, klinyutno nang jempinang kunu loh nak, ojog digowoi ae ya...

Wess mugo-mugo manfaat barokah..
Alfatihah...........

:DAWUH TAFSIR::...
(Rabu, 02 Maret 2014)

Islam ditanah Jawa iku berkat jasa Walisongo,
Walisongo iku mayoritas dari china, berarti china itu sangat berjasa bagi Indonesia, diakui atau tidak yang penting fakta yang berbicara.
Contohne, jidor iku sopo seng ngaiti ???
Wong Arab opo wong Chino ??
Jidor iku warisane wong Chino nak, seng pertama gae iku jenenge “Cheng Hoo”.

Akeh saiki pondok seng buyar kabeh santrine, perkoro opo ???
Iku ngunu perkoro pil-pilan nak,,
Yang terjadi malah kebobrokan , itu Fakta.
Mangkane leg awakmu mben mangku pondok ojog pil-pilan nak.....
Belajar ngunu ono rong (2) macem nak :
عَلَّمَ اْلإِنْسَانَ بِالْقَلَمْ
Yaitu melalui proses belajar, ngaji, kuliah dan sekolah.
عَلَّمَ اْلإِنْسَانَ مَا لَمْ يَعْلَمْ
Lah iki ngunu bekajare rahasia reek,,
Iki rahasiaku dewe, leg tag dudokno awakmu yo male gak payu kampuse, podo gak ono seng ngaji.