Jumat, 21 Maret 2014

DAWUH PENGAJIAN SENENAN (Senin, 25 Maret 2013)

Wa khusushon panjenengan sdoyo engkang sami rawuh, mugo didadosaken tiang seng bejo, dunyo-akhirat, paringi panjang umur, rezkine barokah, al-fatihah….

Geh pengumuman, Ahad bade ngajeng tanggal 31 Maret 2013 geh niku Manaqiban dateng Masjid wali songo glatik sukorejo.

Geh nun sewu derek, urip niki sukur di lemek’i sabar lan nerimo, boten bakal loro kbeh, tapi lek di lemek’i kale nafsu, nafsu ammarah hm… loro kabeh derek, geh niku lek afsu ammarah lek di dekek gek ngarep, milo lek seng di dekek nang ngarep niku nafsu muthmainnah, uri niku barakno eco, enjoy ngoten derek … geh niku, lek lemek’e urip sabar kale nerimo… geh penak derek…
Darmo kusumo, kabeh niku nopo tirose dalange…
geh iku gusti Allah
Lek sido mosok wurungo, lek wurung mosok sidoho…

Wayang niku enten kale; Wayang kulit kale Wayang wong, la lek wayang kulit eco, di kepruk2no, di unjuk2no, barang lek wayang wong, di atur - ngatur, malah dayange seng di ilok2no… pun a, repot lek ngoten…
Kyai iku geh enten metodene, metode dakwah… Qoulan kariman, ngomonge niku dirungokno enak, Qoulan Ma’rufan, teng santri boten nate dungakno elek… enten male,
Qoulan Maisuron (ucapan yg sederhana, mudah dipahami) Qulan Layyinah (lemah lembut), Qoulan Balighan (membekas pd jiwa), Qoulan Fatilan (Ucapan yg berbobot).
Milo ngendikane kyai thariqah, dawuh, pidatone kyai thariqah niku dirungooaken ueccoo ngoten derek, boten nate ngomong pedes, nopo sebabe? Polae atine dzikir terus, Allah.. Allah… Allah….
Pun mugi panjenengan diparingi istiqomah ibadah, rumah tanggae penuh kedamaian, ketentraman..
Al-Fatihah….

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

KRITIK DAN SARAN